SENGKALAN

1.     Sengkalan punika punapa ?

 

Tembung sengkalan (sangkalan) makaten aslinipun saking Çakakala, dene tegesipun: kala Çaka (warsa Çaka) ingih punika taunipun bangsa India ing wewengkon krajan Çaka, Taun Çaka kawiwitan taun 78 M, petanganing taun awewaton lampahing surya, dados umuripun sami kaliyan taun wewaton Masehi. Kala rumiyin bangsa Jawi sami ngangge petangan taun Çaka, kala jaman jumenengipun Sultan Agung taun wau kakepyakaken dados taun Jawi (1555 Ç = 1633 M), ingkang petanganipun manut lampahing wulan (rembulan). Ingkang nama sengkalan mekaten pengetaning taun kawujudaken ing ungel-ungelan/ tetembungan utawi ukara, pamrihipun murih gampil dipun emut-emut. Tembung Çakakala ngalami sungkope dados sengkalan.

 2.     Pamaosipun

Pengetan awujud sengkalan mekaten kedah kawaos saking wingking mangajeng, liripun: menawi tembung-tembung ing ukara wau kawaos saking wingking mangajeng lajeng mujudaken angkainng taun, jalaran tembung-tembung wau sami mengku watak. Dene watak ing mriku tegesipun sami kaliyan tembung “batak” ingkang tegesipun golongan. Dados mengku watak kajengipun kalebet ing golongan ing angka tartamtu, setunggal, kalih lsp. Pramila tetembungan ingkang kapetha ing sengkalan ngemu pengetan.Minangka tuladha:

nir wuk tanpa jalu, punika kedah kasuraos : nir watak 0, wuk: 0, tanpa : 0, jalu : 1, dados sengkalan punika mungel taun1000.

panggung luhur sangga buwana, (sengkalan hing kraton Surakarta) mengku teges: panggung punika tembung saking pa agung aksara jawi punika angka 8, dados panggung watak 8, luhur : 0, sanga : 7, buwana : 1, dados mungel taun 1708

nembah muluk ngesti aji, (pinanggih ing Sopanalaya) kedah kasuraos : nembah : 2, muluk : 0, ngesthi : 8, aji : 1, dados mungel taun 1802.

3.     Surya sengkala saha candra sengkala

Sekawit sengkalan punika namung kangge ing petangan taun Çaka, pawingkingipun lajeng kangge ing pengetaning taun Jawi, dados petangan lampahing wulan. Pengetan awewaton taun surya kawastana surya sengkala, dene ingkang manut taun rembulan nama candra sengkala. Salajengipun ingkang kalimrah tembung : candra – sengkala. Jaman samangke ingkang limrah dipunangge inggih namung sengkalan mekaten kemawon.

 Sumber:   SENGKALAN Tuwin KAWI JARWO  Rinonce dening: H. Sidomulyo

 

Kalah Cacak Menang Cacak

Ungkapan kalah cacak menang cacak asring kaprungu ing pasrawungan saben dina mligine kanggo bebrayan Jawa. Ungkapan kasebut minangka gegambaran rasa percaya dhiri/ piandel lan semangat anggone makarya nanging ora ninggal sikap ngati-ati. Tembung kalah tegese gagal, tembung menang tegese kasil/ berhasil dene cacak tegese coba/dicoba. Dene teges salumrahe yaiku gagal utawa kasile pakaryan kuwi kudu dicoba luwih dhisik.

Sikap kasebut nggambarake manawa semangate wong Jawa ora pesimis,ora mangu-mangu/ragu-ragu, ora wedi kalah jer kabeh mau nganggo tumindak pangati-ati. Ungkapan kasebut asring kanggo menehi semangat sok sapa bae kang lagi ngadhepi pilihan/ perlombaan, menang utawa kalah. Manungsa mung wenang budidaya, Gusti kang nemtokake.

Mutiara Budaya Jawa

KEMANUSIAAN/HUMANITY

Titikane wong putus ngelmu, basa kang bisa gawe tentrem lan bungahing liyan

ciri orang yang berilmu luas adalah bahasa (cara berkomunikasi) yang dapat membuat tenteram dan menggembirakan hati orang lain

one who has come to the completion of knowledge is capable of speaking that brings

peace and joy to others

 

(Butir-Butir Budaya Jawa)

bagusing ati apiking polah

Bagus ing Ati Apik ing Polah

     Tembung bagus tegese apik, endah, sae, mboten awon, tembung ati sami kaliyan manah utawi tyas, dene tembung polah tegesipun tingkah laku, solah bawa, tindak tandukipun manungsa. Kadospundi caranipun supados saget nglampahi bagusing ati apiking polah ing pagesangan saben dinten? Sadaya titahipun Gusti Allah dipunajab tansah anggadhahi niyat ingkang sae, tundhonipun nuwuhaken solah bawa/ tingkah laku ingkang sae. Solah bawa ingkang sae dhumateng Pangeran, bilih sadaya umat kedah anggadhahi raos tresna dhumateng ingkang Maha Asih miturut agami ingkang dipun yakini.

Dene ajining raga saka ing busana tegesipun busana ingkang dipunagem sak sintena kemawon saget mitedahaken dhiri pribadi. Tuladhanipun ngandhapan abu-abu pethak menika umumipun kangge siswa SMA. Dene biru pethak kangge siswa SMP lan  abrit pethak kangge siswa SD. Dinten Kemis dumugi Sabtu bapak ibu guru ngagem bathik. Dene corak bathik menika maneka warni. Ing tlatah Banyumas anggadhahi bathik corak Banyumasan. Salah satunggal ingkang dados ciri corak Banyumasan inggih menika  godhong lumbu. 

Prayoginipun manawi ngadi busana dipunjumbuhaken kaliyan wekdal, papan panggenan saha ukuran badan. Tuladhanipun, sanajan ing griya kedah ngginakaken busana/sandhangan ingkang sopan boten pareng nglegena/wuda. Ing sekolahan umumipun ngginakaken seragam miturut aturan. Dene bab ukuran kedah pas/ laras kaliyan badanipun piyambak awit bleger/ anatomi tubuh saben tiyang mboten sami. Dene manfaatipun busana kangge nutupi badan saking hawa panas lan asrep, rereget saking lebu lan sanes-sanesipun.

 

 

Dening: Asmasiningit

Tinggarjaya, 12 Juli 2010

GEGLADHEN GEGURITAN SANDIASMA

Siyang lan ratri

Udan riwis-riwis kapara nggawa ati miris

Dalan sawah lan tegalan sakubenge kali

Ambrol bendungane bubar ambyar lamunane

Rasa kang ora bisa rinasa marga wiji wis sumebar

Sawah lir  samudra gili katon sepi tegal tan katon mata

Iki kang ora dak ngreteni kanca tani

Nekakake bena lan maruta kang mobat-mabit

Ingsun amung bisa sumendhe ing Ngarsane

Dening : Asmasiningit_11_11_11

Pigatekna geguritan ing dhuwur, asmane panggurit katulis ing purwaning ukara.